Mampir ngombe


ponokawanUrip ing alam donya bebasane mung mampir ngombe. Tetembungan kuwi wis keprungu ket jaman aku cilik, mbok menowo seko jaman simbah2 biyen. Tembung kang ngemu teges menowo uriping manungso ing donya iki amung sedhelo banget, ora suwe dibandingke karo urip ing alam akhirat mengko.
Wong tuwo maringi pitutur luhur koyo mau mestine duwe kekarepan marang anak putune supoyo ora kesilap marang bondho donya lan pangkat, kang sipate ora langgeng, nanging ono sing luwih penting yaiku urip ing alam kelanggengan / akhirat. Mulo ojo nganti dilalekno ugo ngupoyo kamulyaning akhirat, kanti tumindak becik marang sakabehing makhluk, ngibadah manembah marang Gusti kang Maha Agung, gegaran mring kitab suci, koyo dene sing wis diwahyuake marang kanjeng nabi.

Nanging yen jaman saiki, cah enom wis akeh sing kritis, podo slengekan, wani mbantah, menowo diwenehi pitutur koyo ing duwur mau (urip ing donya iki mung mampir ngombe), mesti akeh2e langsung diprotes :
“lha nek ora ngelak opo yo mampir ngombe?” utowo “lha nek wedange isih panas rak nunggoni adhem sik, yo lumayan suwe kuwi..!” trus ono meneh sing ngomong “welha.., aku nek mampir ora mung ngombe thok, sekalian mangan ben wareg..!”

Lha terus kepiye kang gareng..???

Posted on 4 Agustus 2011, in Budaya, Kawruh jawa. Bookmark the permalink. Tinggalkan komentar.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: